Kanjeng syeh ‘Abdul qodir Aljaelani  boten kerso ngegung  aken tiyang ingkang sugih bonda dunyo  keranten kuwarit teng hadis ingkang artosipun  SOPO WONGE DEPE2 ANDAP ASHOR MARING WONG KANG SUGIH BONDO DUNYO KERONO SUGIHE  MONGKO ILANG RONGPERTELON AGAMANE  IKU UWONG


Lan kanjeng syeh ‘Abdul qodir Aljaelani  boten kerso ngadek keranten mulyaaken salah setunggale poro ratu sak penggawane sedoyo . Kanjeng syeh ‘Abdul qodir Aljaelani  sering sanget angsale meriksani ratu ingkang nejo ziarah wonten ngersane  Kanjeng syeh serto Kanjeng syeh  tasih eco econan angsale pinarak boten nggatos  lajeng ngadek keranten ta’dhim  dateng rawuhipun puniko ratu ,malah dipun tilar wonten kholwatan ,menawi sang ratu sampun pinarak wonteng ing pendopone kanjeng syeh ,lajeng kanjeng syeh nembe miyos sangkin kholwatan ,perlunipun keranten  mulyaaken thoriqil fuqoro’{dalanipun fuqoro’ lan masakin/dalanipun tiyang ingkang sami  baingat thoriqoh} lan supados  Kanjeng syeh boten  ketingal jumeneng keranten mulyaaken ratu kolo wahu , Kanjeng syeh boten nate dempel dempel  kursinipun patih / ratu keranten miturut khadis ingkang dipun riwayataken shohabat abu ghuroiroh ra  ingkang  artosipun  Luwih dibendonine qurro’ /’ulama’ maring gusti Alloh  iku qurro’ /’ulama’  kang podo ziaroh mareng umarok perlu merloake awak e  dewe sampe iman islame rontang ranting kowar kawir  ora kerono mentengake kemaslakhatane masyarakat islam  utowo merjuwangake agamane gusti Alloh  .

Kanjeng syeh sering dipun hadiyahi ratu boten kerso nampi  ngantos ratu duko jalaran anggenipun boten dipun tampi hadiyhipun .lageng Kanjeng syeh dawuh  dateng ratu wau mekaten ;YEN PANJENENGAN DUKO DATENG KULO ,PUNDI SAKMENIKO HADIYAH PANJENENGAN BETO PIYAMBAK MRIKI ,Lajeng  sang ratu sak istu beto buah apel dipun hadiyahaken piyambak dateng  Kanjeng syeh dumadan buah apel meniko kebek rah lan nanahlajeng  Kanjeng syeh ngendikan ,KADOS PUNDI TOH PANJENENGAN KOK DUKO DATENG KULO  ANGGEN KULO BOTEN KERSO DAHAR MENIKO BUAH  KERANTEN KEBAK NANAH LAN RAHE MANUNGSO. Lajeng  sang ratu saknaliko nyuwun  ngapunten lan taubat onten ngersanipun  Kanjeng syeh .Cinarito sang ratu sak sampun ipun meriksani ingkang kados mekaten lajeng soyo tambah remene dateng Kanjeng syeh ;sering sowan wonten ngersanipun Kanjeng syeh  kanti jumeneng ta’dhim kados rakyat umum  lan nyantri dateng Kanjeng syeh sahenggo kapundut .Poro sederek  kersoho niru dateng tindak tanduk ipun  Kanjeng syeh ingkang sae meniko  ,Poro sederek  sedeng sampun kados mekaten gungipun drajate Kanjeng syeh lan gumelar sesebonipun Kanjeng syeh ingkang sae2 wonten pundi pundi  jajahan  lan luhuripu asmane Kanjeng syeh ewosemonten tetep anggenipu ta’dzim dateng fuqorq’ soho kerso kempal pinarak pinaraan kaliyan fuqoro’ keranten ittiba’ dateng tinda ipun Rosululloh SAW  ,

Rosululloh SAW sampun ngendiko ingka artosipun : Andap ashoro siro kabeh  lan ngeworono lungguh siro kabeh ing piro piro faqir miskin  mongko siro kabeh iku golongane  wong kang podo gede  mungguh Alloh lan biso metu siro kabeh sangking sifat gumede soho Kanjeng syeh kerso metani tumo wonten ing sandangane fuqoro’   Pangendikanipun Kanjeng syeh wong feqir kang sobar  nerimo ridlo olehe keparingan feqir  iku luwih utomo katimbang wong sugih kang syukur , ono dene wong feqir kang gelm syukur iku luwih utomo tinimbang wong fekir kang sabar lan tinimbang wong sugih kang syukur .Wong feqir  kang sobar lan syukur iku luwih utomo tinimbang wong feqir kang sobar lan  tinimbang wong sugih kang syukur  lan tinimbang wong feqir kang syukur.Mafhume puniko dawuh tiyang feqir ingkang boten ridlo lan shobar mongko parek2 meh2 puniko tiyang dados kafir,kados dawuhipun kanjeng nabi ingkang artosipun : Meh2 sifat faqir iku dadek ake kufur   Nangudlubillahi min dlalik.sohoKanjeng syeh dawum malih Ora demen ing balak lan ora ngroso kepenak nompo balak gejobo wong kang weruh ing dlat kang nurunake balak iyo iku Alloh swt Kanjeng syeh dawuh malih manuto siro kabeh ing tindak e  kanjeng nabi Muhammad saw lan kitab qur an  lan poro khulafaurrosyidin lan poro salafussholikhin lan ojo gawe bid'ah {ojo nganyar nganyar ake ing perkoro kang ora ditindak ake kanjeng nabi . shohabat} lan ngabektiyo siro kabeh ing gusti Alloh lan Rosululloh lan ulil amri mingkum lan ojo metu siro kabeh saking agomo islam lan shobar siro kabeh ingatase pestine Alloh lan balak e
 
Top