He 'Ali ono ing dino iki aku wasiat maring koe kelawan siji wasiat,nek koe ngrekso wasiat iki mongko uripmu pinuji,matimu syahid sok dino qiyamat ditangekke gusti Alloh khale ngalim'






He 'Ali sopo wonge mangan khalal mongko agamane wong iku mau bersih lan lemes atine lan ijabah dungane

He 'Ali sopo wonge mangan syubhat mongko samar agamane wong iku mau lan atine peteng

Lan sopo wonge mangan kharom mongko mati atine enteng agamane lan apes yaqine lan kolang kalingan dungane. lan sitik ngibadahe,

He 'Ali  nalikane gusti Alloh bendu maring suwijining uwong mongko gusti Alloh paring rizqi kharom maring wong iku mau,Lan nalikane Gusti Alloh banget bendune maring suwijineng uwong mongko Gusti Alloh masrah ake wong iku mau maring syaiton lan syaeton mau dadi kancane ,

Lan syaiton mau nungkulake agamane wong iku mau kelawan dunyo lan syaiton mau nggampangake maring urusan donyone wong iku .Lan syaiton mau bisiki maring wong iku kelawan pengucap:

SAKTEMENE GUSTI ALLOH IKU MOHO NGAPURO LAN MOHO WELAS.HE 'Ali sopo wonge mlaku golek barang kharam mongko dikancani syaiton lan naliko numpak mongko diboncengi syaeton,

He'Ali sopo wongo ngumpulke bondo kharom mongko syaiton mangan bondo iku mau ,Lan sopo wonge ngumpuli bojone tanpo dikawiti moco basmalah mongko syeton ngancane anak e wong iku mau, He 'Ali Gusti Alloh ora nerimo sholat tanpo wudlu ,Shodaqoh saking bondokharom,

He 'Ali wong mu'min iku tambah2 agamane selagine ora mangan kharom,lan sopo wonge misah soko ngalim ngulamak mongko mati atine lan wutho adoh sangking thongat maring Gusti Alloh ,Sing sopo wonge moco Al-qur'an lan ora ngalal ake opo sing dikhalalke Alqu'an lan ora ngaramake perkoro sing dikharamake Alqur'an ,Mongko wong ikumau klebu wongkang buwang kitabe Alloh
 
Top