Nikah Iku hukume sunat tumrape wong kang beronto maring wathi lamun wong iku duwe ragate nikah

.Koyo dene mahar,sandangan,panganan ono ing dino iku kerono kanggo ngerekso agamane podo ugo wong iku ketungkul ngibadah otowo ora,mongko lamon wong iku kasepen soko ragate nikah mongko kang luwih utomo wong iku ora usah nikah lan supoyo wong iku mau mecah syahwate kelawan poso,kerono ono  dawuhe kanjeng Nabi : He wong enom sopo wonge due ragat kanggo nikah mongko podo nikaho! .Mongko saktemene nikah iku biso luwih ngerem ake maring mripat lan luwih ngerekso marang farji,Lan sopo wonge ora due ragate mongko mecaho syahwate kelawan poso! lamun syahwate ora biso pecah kelawan kanggo poso ojo dipecah kelawan kapur / obat obatan.balik nikaho !


Lan nikah iku hukume makruh tumrap wong kang ora berontho maring nikah / wathi,kerono due penyakit otowo liyane lamun ora due ragate ,Otowo due ragate ananging wong iku mau duwe penyakit contone kayo dene pikun otowo peluh .otowo wong iku mau duwe ragate nikah tapi duweni kuwatir nek deweke ora biso ngelokoni kewajibane,Otowo wong iku mau agek ketungkul ngibadah,Ananging menowo ora ketungkul ngibadah yo luwih apik nikah


Wong lanang iku disunatake nikah kelawan wong wadon kang iseh prawan ,Kerono ono hadise Imam Bukhori Muslim Diceritakake saking Jabir ; HALA BIKRON TULANGIBAHA WATULANGIBAKA ..........,Kejobo kerono ngudzur ,Koyo dene apes alate kanggo bedah keprawanan otowo ono kebutukane wong iku kanggo menuhi kebutuhane keluargane wong iku mau,


Ugo disunatake nikahi wadon kang bagus agamane dudu wadon kang fasek kang ayu rupane,Ugo disunatake nikahi wadon kang manaan tegese akeh bibite ,Kerono ono khadise TUNGKAKHUL MARATU LIARBANGIN SAK AKHIRE. Lan kerono khadis : TAZAWWAJUU AL-WULUUDA AL-WADUD FAINNI MUKATHIRU BIKUMMUL-UMAM YAUMAL QIYAMAH,

WADON KANG MANAAN / AKEH ANAKKE IKU BISO DINGERTENI NGANGGO KERABATE / NASABE ,Tegese bagus asal usele lan kerabate wadon iku mau podo akaeh anak e

kerono ono khadise :TAKHOYYARUU SAK AKHIRE, UGO ORA DISUNATAKE KERABAT KANG CEDAK MANGGONE {TUNGGAL SAK OMAH OTOWO MING TETANGGAN} , DISUNATAKE NIKAHI WADON KERABAT KANG ADOH MANGGONE OTOWO WONG LIYO .Alasane : nek kerabat kang cedak /tetanggan iku, kerono apese syahwat,Lan apese syahwat iku dadek ake anak turune podo kuru                  
Disunatake nikah mau menowo ora ono ing daerahe peperangan,lamun ono ing daerah peperangan ora disunatake nikah sinajan netepe syarate nikah ,Koyo olehe ngenas Imam Syafi'i. , Sebab dikuwatirake anak turune kafir / dadi budak.DEQ62UFCKU6M 
 
Top