Hebate ,keistimewaane Iblis tapi keyataane gak diparingi makrifat ,Ngerti yadari ten sinten awak e sinten pengerane  , Sayyiduna Imam Al-Jamal  nukil sangking kitab kasyful Bayan lil Imam Assamarqondi : nerangaken dateng pangendikanipun Ka'bul Akbar :


Dipun dawuhaken Iblis iku biyen sak derenge ngroso wonten saingan ,Niki lho sik dadekno takabur lan khasud  niku mergo kesaing  nggih nopo boten ,Terus sik nomer loro pancen sing dorong  butuh, karep tapi gak keturutan,  Otowo kekurangan ,Niku lho timbule penyakit takabbur,khasud,   Iblis sak derenge kesaing kaliyan Nabi Adan AS niku jogo suwargo mawon, boten dadi penjogone masjid,Pondok pesantren nopo malih Plaza , Iblis dadi satpan pejogone suwarga selami  40,000 tahun ,

Tapi cuma cungak cunguk thok durung mlebu,Niki podo kaliyan wong kakehan ilmu wis podo ngerti podo  i'tiqot  percoyo  secoro ilmiyah dateng kawontenanipun lelakon ipun salafussholeh nopo malik lakonipun poro guru guru thoriqoh, niku ngakoni tapi iseh cungak cunguk niki katah punopo boten ,Ngakoni  kama qolo kama qola qolo....Dawuhe 'Ulalama' sufi Atthoriqiyyah ngakoni ,Tapi gak pernah mlebu cuma cungak cunguk thok ,Makane ojo kaget nek kadang kadang wong ngeten niku nggadai tingkah laku sik rodo nganeh nganehi ing dalem masalah thoriqoh  mergo isih durung sak jenis   LAISA KULLU DZAKIR JAALIS   Gak setiap uwong iso dzikir maring Gusti Alloh iku iso LUNGGUH marang Gusti Alloh,

boten tentu,Tapi MAN JALAS JALAS  Nek uwong gelem ngumpul  wes tho dadi gruppe uwis  ngumpul endak opo maneh mlebu. niku pun biasa niku  lha anu kiyai ,Wistho ojo kaget wong thoriqoh kok kagetan engko step
Ibls Niku kumpul kumpul saben dinane karo malaikat  80,000 tahun  ,Iblis iku tuman dadi penasehate juru tutur mangidloe poro malikat  20,000 tahun  Lajeng Iblis meniko Dados Sayyidal Karubiyyin  dadi tikohe malaikat karubiyyin niku  selama 30.000 tahun   wasayyida rrukhaniyyin  dadi toko pemimpine malaikat rukhianiyyun  selama  1,000 tahun  ,Iblis niku boten cuma thowaf teng ka'bah dewek e thowaf wonten ing ngarasy   selama 14,000 tahun cobi kiro kiro yak nopo ,Hebat punopo boten

Titel  ,Titele Iblis teng langi pertama niku intuk titel Al-  ngabid  dadi sebutane iblis wong sik jago ibadah maring Gusti Alloh .
Wonten ing langit kaping pindo  titele Azzaahid  Mahluk e Gusti Alloh sing atine gak tuman senden gak tuman gantungake opo wae sak liyane Alloh  ,
Wonten ing langit kaping tigo dijuluk i  Al'aarif  Iblis iku dijuluk i  sing ma'rifat maring gusti Alloh
wonten ing langit 4 dijulukisebagai walinipun Gusti Alloh
wonten ing langit no 5  Attaqi  Sing nemen olehe taqwa maring Gusti Alloh ,
wonten ing langit no 6 Al-khozin  Dadi pejogone suwargo
lan ing langit no 7  azazil  Tapi wonten ing putusan , putusan niki sik boten enak  Iblis laknatulloh ono ing lauh makhfud dijenengi Iblis sebabe Iblis iku senegane ngaduk antarane barang khak kelwan barang  bathil
 
Top