Diceritakake sangking 'Abdulloh ,  'Abdulloh, ngendiko : Aku due pembantu kang pembantu iku mau lacut lan ngladeni maring sulthon ,mongko aku weruh pembantuku ing dalem turuku {aku ngimpi} lan tangane pembantuku iku ing dalem astane Kanjeng Nabi ,Mongko aku banjor matur maring Kanjeng Nabi :Ya nabiyalloh .Tiang meniko Fasek ,kados pundi tangane meniko tiyang kok saget ing dalem asto panjenengan ?  Mongko Nabi Banjur jawab : Wong iki dosane wis dingapuro aku jalukke syafaangat wong iki maring Gusti Alloh, Mongko banjur aku matur maring Kanjeng Nabi : Yanabiyalloh Keranten sebab menopo tiyang meniko pikantuk drajad puniko? Mongko Nabi jawab: Kelawan sebab akehe olehe macakakene sholawat maring ingsun , saktemene wong iki saben arep turu macakake sholawat maring ingsun kaping sewu
 
Top