Iling-iling siro manugso temenono anggonmu ngaji

Mumpung durung ketekanan malaikat juru pati


Ojo siro bamget-banget  anggonmu bungah neng alam dunyo

Malaikat juru pati lirak-lirik marang siro


Ngelirike malaikat arep jabut nyowo iro 

Nggone jabut angenteni dawuhi kang moho suci


Sakwise didawuhi banjur tandang karo kondo 

Aku iki mung sak dermo kuwe ora keno semoyo


Luweh loro luweh nelongso larane wong eneng neroko 

kolojengking kelabang geni ulo geni do yokoti


Rante geni godo geni cawisane wongkang duroko 

Ojo nggegampang dawuhe Pengeran ojo nggegampang tinggal sembahyang


Luwih mulya luwih mukti rasane wong eneng suwargo

Widodari 41 kasur babud kari ngenggoni


Tempat emas rujine inten kelambu sutro pateng gemebyar

Awan ngelum yen bengi udar cawisane wongkang ngabekti


Ngabekti maring Pangeran Pangeran kang moho mulyo 

Dulur lan konco podo ilingo siro iku bakale lungo


Mulo siro sing ati-ati laku urip kang setiti

Sangu mati kudu den udi ojo siro nganti lali

bila salah mohon dibenarkan

 
Top