Kanjeng syeh ‘Abdul qodir Aljaelani boten kerso ngegung aken tiyang ingkang sugih bonda dunyo keranten kuwarit teng hadis ingkang artosipun SOPO WONGE DEPE2 ANDAP ASHOR MARING WONG KANG SUGIH BONDO DUNYO KERONO SUGIHE MONGKO ILANG RONGPERTELON AGAMANE IKU UWONG
Lan kanjeng syeh ‘Abdul qodir Aljaelani boten kerso ngadek keranten mulyaaken salah setunggale poro ratu sak penggawane sedoyo . Kanjeng syeh ‘Abdul qodir Aljaelani sering sanget angsale meriksani ratu ingkang nejo ziarah wonten ngersane Kanjeng syeh serto Kanjeng syeh tasih eco econan angsale pinarak boten nggatos lajeng ngadek keranten ta’dhim dateng rawuhipun puniko ratu ,malah dipun tilar wonten kholwatan ,menawi sang ratu sampun pinarak wonteng ing pendopone kanjeng syeh ,lajeng kanjeng syeh nembe miyos sangkin kholwatan ,perlunipun keranten mulyaaken thoriqil fuqoro’{dalanipun fuqoro’ lan masakin/dalanipun tiyang ingkang sami baingat thoriqoh} lan supados Kanjeng syeh boten ketingal jumeneng keranten mulyaaken ratu kolo wahu , Kanjeng syeh boten nate dempel dempel kursinipun patih / ratu keranten miturut khadis ingkang dipun riwayataken shohabat abu ghuroiroh ra ingkang artosipun Luwih dibendonine qurro’ /’ulama’ maring gusti Alloh iku qurro’ /’ulama’ kang podo ziaroh mareng umarok perlu merloake awak e dewe sampe iman islame rontang ranting kowar kawir ora kerono mentengake kemaslakhatane masyarakat islam utowo merjuwangake agamane gusti Alloh .
Kanjeng syeh sering dipun hadiyahi ratu boten kerso nampi ngantos ratu duko jalaran anggenipun boten dipun tampi hadiyhipun .lageng Kanjeng syeh dawuh dateng ratu wau mekaten ;YEN PANJENENGAN DUKO DATENG KULO ,PUNDI SAKMENIKO HADIYAH PANJENENGAN BETO PIYAMBAK MRIKI ,Lajeng sang ratu sak istu beto buah apel dipun hadiyahaken piyambak dateng Kanjeng syeh dumadan buah apel meniko kebek rah lan nanahlajeng Kanjeng syeh ngendikan ,KADOS PUNDI TOH PANJENENGAN KOK DUKO DATENG KULO ANGGEN KULO BOTEN KERSO DAHAR MENIKO BUAH KERANTEN KEBAK NANAH LAN RAHE MANUNGSO. Lajeng sang ratu saknaliko nyuwun ngapunten lan taubat onten ngersanipun Kanjeng syeh .Cinarito sang ratu sak sampun ipun meriksani ingkang kados mekaten lajeng soyo tambah remene dateng Kanjeng syeh ;sering sowan wonten ngersanipun Kanjeng syeh kanti jumeneng ta’dhim kados rakyat umum lan nyantri dateng Kanjeng syeh sahenggo kapundut .Poro sederek kersoho niru dateng tindak tanduk ipun Kanjeng syeh ingkang sae meniko ,Poro sederek sedeng sampun kados mekaten gungipun drajate Kanjeng syeh lan gumelar sesebonipun Kanjeng syeh ingkang sae2 wonten pundi pundi jajahan lan luhuripu asmane Kanjeng syeh ewosemonten tetep anggenipu ta’dzim dateng fuqorq’ soho kerso kempal pinarak pinaraan kaliyan fuqoro’ keranten ittiba’ dateng tinda ipun Rosululloh SAW ,
Rosululloh SAW sampun ngendiko ingka artosipun : Andap ashoro siro kabeh lan ngeworono lungguh siro kabeh ing piro piro faqir miskin mongko siro kabeh iku golongane wong kang podo gede mungguh Alloh lan biso metu siro kabeh sangking sifat gumede soho Kanjeng syeh kerso metani tumo wonten ing sandangane fuqoro’ Pangendikanipun Kanjeng syeh wong feqir kang sobar nerimo ridlo olehe keparingan feqir iku luwih utomo katimbang wong sugih kang syukur , ono dene wong feqir kang gelm syukur iku luwih utomo tinimbang wong fekir kang sabar lan tinimbang wong sugih kang syukur .Wong feqir kang sobar lan syukur iku luwih utomo tinimbang wong feqir kang sobar lan tinimbang wong sugih kang syukur lan tinimbang wong feqir kang syukur.Mafhume puniko dawuh tiyang feqir ingkang boten ridlo lan shobar mongko parek2 meh2 puniko tiyang dados kafir,kados dawuhipun kanjeng nabi ingkang artosipun : Meh2 sifat faqir iku dadek ake kufur Nangudlubillahi min dlalik.sohoKanjeng syeh dawum malih Ora demen ing balak lan ora ngroso kepenak nompo balak gejobo wong kang weruh ing dlat kang nurunake balak iyo iku Alloh swt Kanjeng syeh dawuh malih manuto siro kabeh ing tindak e kanjeng nabi Muhammad saw lan kitab qur an lan poro khulafaurrosyidin lan poro salafussholikhin lan ojo gawe bid'ah {ojo nganyar nganyar ake ing perkoro kang ora ditindak ake kanjeng nabi . shohabat} lan ngabektiyo siro kabeh ing gusti Alloh lan Rosululloh lan ulil amri mingkum lan ojo metu siro kabeh saking agomo islam lan shobar siro kabeh ingatase pestine Alloh lan balak e